Rabindranath Tagore

Rabindranath Tagore
Rabindranath Tagore di Kolkata, sakiwa-tengené taun 1915 ketika ia mendapat anugrah gelar.
Lair7 Mèi 1861
Kolkata, India
Pati7 Agustus 1941
Kolkata, India
PakaryaPenyair, filsuf, dramawan, komposer

Rabindranath Tagore (basa Bengali: Rabindranath Thakur; lair ing Jorasanko, Kolkata, India, 7 Mèi 1861 – pati 7 Agustus 1941 ing umur 80 taun [γ]) ugi misuwur kanthi nama Gurudev,[δ] inggih punika salah satunggalipun Brahmo Samaj, penyair, dramawan, filsuf, seniman, musikus lan sastrawan Bengali.[1][2] Panjenenganipun lair saking kulawarga Brahmana Bengali, inggih Brahmana ingkang manggenipun ing laladan Bengali, laladan ing anakbawana India antawis India lan Bangladesh.[1] Rabindranath Tagore punika kalebet tiyang ingkang nomer satunggal saking Asia ingkang pikantuk kanugrahan Nobel Sastra ing taun 1913.[1] Panjenenganipun sampun nyerat puisi utawi geguritan wiwit yuswanipun nembé wolung taun.[1] Tagore ngagem nama samaran “Bhanusingho’’ (Singa Srengenge) wonten ing panerbitan karya geguritanipun ingkang sapisanan ing taun 1877, lan wiwit nyerat carita cekak nalika nembé yuswa enem welas taun.[1] Amargi raos kuciwa dhateng British Raj saged damel Tagore maringi panyengkuyung dhateng Gerakan Kamardikan India lan kekancanan kaliyan Mahatma Gandhi. Lan ugi amargi panjenenganipun sampun kicalan meh sadaya kulawarganipun, lan kirangipun raos ngurmati dhateng karyanipun.[3] Karya-karyanipun Tagore ingkang misuwur kados Gitanjali (Song Offerings), Gora (Fair-Faced), lan Ghare-Baire (The Home and the World), sarta karya geguritan, carita cekak, lan novèl.[2]

  1. a b c d e Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng buku1
  2. a b [Michael H. Hart. 1978. Seratus Tokoh yang Paling Berprabawa dalam Sajarah. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya]
  3. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng buku2

Developed by StudentB